Rabu, 03 April 2013

Refleksi Ngungun



from facebook Youand We

<Ngungun>
IQRO’
= kang nduweni ateges ‘Maca/Maos’ . Wahyu saka Gusti ALLAH Ta’ala kang tumurun kang kapisanan mring Kanjeng Rasulullah Muhammad SAW  kelantaran Malaikat Jibril Alaihis Salam (QS. Al ‘Alaq ayat 1)

Aja maringi  tegese ‘maca’ kanthi wantah !   

Maca nora mung kang tinulis nanging uga maca apa kang dadi kedadeyan.

‘Maca kahanan’  kareben  biso'a   melek ing batin! 
 Melek kawruh!
 
Pranyata,  sinau dudu  darbek’e  cah sekolah lan wong kuliahan. Ngangsu kawruh sauga kudu dilakoni  ing titianing ngelmu panguripan.


Sakleret, tengara
siji mbaka siji pating klebat mara'i  gorehing ati…
sesawangan kang ayak karuwan’e bakal  di'ijabah uga reroncen lakon sing wus tinemah.
Mbuh, apa kang dadi wadi ?
Kaya-kaya   pingin miyak ampak-ampak  sing ngalang-ngalangi  pandulu !

Nanging, sadhar kawula alit bakal ora ngreti apa-apa datan  pitedhah saking Gusti Kang Anggadhahi Sak kabehing  ngelmu. Mugi Gusti ALLAH tansah  maringi kawicaksanaan jroning budhi pekerti.
Mugi  dados’aken  pengetan kang migunani kangge kawula pribadi.
Tansah maca... ngaji…


Nindak’ake apa kang dadi titahing Gusti  ALLAH  lan ninggalke  kabeh  sing  dadi piwaler

Ora bakal mandheg ing sakperangan. Amarga perangan liyane ana kasidan jati.

Panuwunan datan kendhat dumateng Gusti Kang  Maha Pangripta  keparenga maringi gangsar  anggen kawula tansah nyembadani saengga mboten namung dados pocapan.

Sumbud karo celathu bilih ajining diri ana ing lathi. Mugi Gusti ALLAH maringi ilat kang sinedya netepi janji.
Karep lan tumindhak kang jejeg nurut paugeran kang Sinerat dening  Gusti Akarya Jagad.

Miwit mula tansah paring eling lan waspada amarga bebaya  nunjang palang nyamping ana raga .

Gampang cubriya mring sapadha-padha, nuruti hawa nepsu, lali mring cikal bakale saka apa...

Anggep dene nduwe keluwihan… Ooh manungsa.. manungsa!
Asring cidra bilih Gusti ALLAH iku Kang Maha Welas Asih.  Katresnanipun  mujud marang samubarange.   
Mangsa bodho'a, semana padha anggolek’i   janma sing isih butuh pitulungan?  
Ewondene,  pepesthen namung ana astane Gusti Kang Murbeng Dumadi.. dalah dadi wong mono malah butuh pitulungan! Lha rak cilaka, tha?


Duh, Gusti ALLAH nyuwun paring trewaca ing samudana…

Gusti ALLAH nyuwun Agunging   Samudra Sih Pangaksami…

Aamin Ya RABBAL’Aalamin

*NUWUN*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar anda adalah perhatian untuk blog ini
Semoga Bermanfaat...
Terima kasih atas kunjungannnya...