Jumat, 01 November 2013

Kagungan Damel


image from Tempo.com

Ndherek Mangayubagya’Pahargyan Dhaup Ageng’
GKR[Gusti Kanjeng Ratu] Hayu-dhaup kaliyan-KPH[Kanjeng Pangeran Haryo]. Notonegoro
Ing Yogyakarta, 18 Dzulhijjah 1434 utawa 23 Oktober 2013
Mugi dados kulawarga ingkang Sakinah, Mawaddah Warrakhmah… Aamin Ya Rabbal’Alamin.
Lan, tulisan iki mratelak’ake
Kanggo pangeling-eling
tumrap kawula anem kang bakal mbacutake trah kaluhuraning bangsa Muga sakkabehing kabecik’an ing pangajab dadosna kasembadan. Adat kang samsaya suwe dirombag dieguh’ake manut jamanne ora ateges ninggalake perangan kang wigati umpama dileksanak’ake.
Sengaja, kawulaning Gusti Kang Murbeng Dumadi iki ngaturake andharan nganggo basa ngoko alus amarga nganggep sing kersa maos tulisan iki padha karo kadhang kanca dhewe. Kaya  matur marang sapadha-padha.

Sajroning kabudayan Jawa ‘Mantu’  minangka salah sawijining pahargyan kang penting. Mantu kang isine kembul bujana andrawina yen mawa basa Arab diwastani ‘Walimahan’ kanggo mbiwarake kajad mantenan utawa supitan.  Oleh’e nganak’ake ora angger  waton kelakon. Merlok’ake antan-antan sakdurunge kareben pawiwahan bisowa lumaku kanthi rancag. Wondene sing dadi perangan ing pahargyan mantu bakal kasebat ana ngandap iki:
1.      Kumbakarnan
Uga diwastani ‘Kangroh’ yaiku rembugan mateng gancangan-gancangan. Para piyayi sing diaturi langsung saka kang kagungan damel nglumpuk ngrembag sakkabehing perkara kayata;  bekakas, tratag, ubarampe sing prelu dicepak’ake manut sepiro tamu undangan, adhicara sing pepak, lan liya-liyane nganti urusan sapa sing olah-olah uga asah-asah.  
Rembugan iki ditindak’ake sakdurunge tempuk dina pahargyan. Udakara  sewulan utawa selapan

2.      Tonjok’an lan Punjungan
Udakara seminggunan pinuju tempuk ing gawe, papan panggonan pahargyan kepareng disedyak’ake. Masang umbul-umbul diujub’ake saka pring wutuh lan hiasane nganggo janur sing dironce. Padatan diayahi para kakung. Pancen sakral, amarga janur rinonce nduweni teges tinemtu kayata wangun cakra manggilingan nggambarake panguripan memper ubenging roda. Umbul-umbul dipancang ing sandhing gapura uga prapatan kanggo nuduh’ake ratan nuju pawiwahan. Saumpama ana karep liyane apa kuwi bab ghaib utawa sirik manut niyat ana njero jajaning pribadi. Budaya Jawa uga nuswantara kang adiluhung eman-eman menawa diregedi bab sirik. Sipat pangati-ati kudu dadi andhelan utama ngelingi sejarah, para Waliullah maringi kawruh liwat budhaya kang sakdurunge kleru banjur dipenerake. Dene para ibu-ibu nyawisi tetedhan kanggo sing makarya. Kajaba kuwi!
Ibu-ibu uga masak kanggo para rencang[rewang] kadang sing diaturi maelu ngrahab’i sak kabehing gawean.  Masak’an arupa sega sakpenak pepak karo lawuhan mateng diaturke menyang dalem’e para rewang. Yaiki sing diarani tonjok’an.
Anane tonjok’an kanggo ngelingake sing diaturi rewang yen uwis cedhak tempuk ing gawe mula enggal sedya cancut tali wanda padha nyengkuyung.

Wondene sing diwasthani ‘punjungan’ yaiku tetedhan kanggo sing ditinggal rewang. Ateges, diaturake menyang daleme para rencang amarga rewang dadi ora bisa olah-olah kanggo keluwarga. Punjungan iki manut kawicaksana’ane sing kagungan damel. Maringi pangerten yen rewang iku kudu ninggalake gawean ngomah, lan ora maido uga ninggalake prakaryan panguripan saengga dipurugi senadyan namung tetedhan apa anane.



3.      Pawiwahan

Dina kang diantu-antu. Sabrayat sadaya disuwuni berkah donga kareben adicara lancar tan ana alangan. Sesorah ngrayah kawigaten para tamu. Ular-ular ngrampek Mimi lan Mintuna minangka raja lan ratu nadyan namung sedina mugo jinodho langgeng donya akherat. Sugata madhep mantep atur pambagya, ngrogoh ati, nyengkuyung pawiwahan murih dadi rahayuning pangestu.
Ana ukara pangemut nganggo basa nasional:
‘Bila kenyataan tidak sesuai dengan rancangan semula bukankah ada opsional untuk mengatur ulang. Karena manusia hanya mampu merencanakan tapi kita harus selalu ingat bahwa ALLAH lah Yang Maha Menentukan. Dan itu yang terbaik..’
4.      Wisuh’an

Pungkasaning pawiwahan. Nadyan kanggo mantenan ana rerangken kang sinambung.  Apa sing kurang lan dadi cuwa diuda rasa. Kanthi sareh, dirembug bareng ngagem tetedhan kang cumawis ^_^ rasa sing ora kepenak luwih becik diudari sithik mbaka sithik manut petungan sendok utawa puluk’an. Bubur sumsum  kang sinedya kareben  ilang lungrah’e. Sajak’e bubur sumsum kang rinacik saka glepung beras lan juroh gula jawa kaya rasa nyucup sumsum balungan. Asin-asin legi, gurih… senadyan namung rasa muga khasiate ora geseh.
Adicara wisuhan mujud’ake menawa sing kagungan gawe ngaturake agunging panuwun dene pawiwahan uwis kelakon. Nora supe, uga ngaturake gunging pengapuran.

Umpama bakulan, modal kanggo mantu ora sumbut karo entuk-entuk’ane. Kepara malah rugi tinimbang bathi. Rugi bandha donya mung sepala nanging subya tamu iku kang matikel-tikel ganjarane. Mulane tembung mantu kuwi jarwo dhosok’e: sing dieman-eman metu.


Sakmene cekap anggon kawula Gusti ALLAH iki matur. Menawa ana salah utawa ukara sing marahi ora rena ing penggalih nyuwun agunging sih ing pangaksami. Sokur bage kersa paring pitedhah perangan kang kudu diambali murih samsaya jangkep lan pener.
NUWUN

Terjemahan dalam bahasa Indonesia:

Punya Hajat
Ikut  berbahagia  ‘Perayaan Pernikahan Agung’
GKR. Hayu menikah dengan KPH. Notonegoro
Di Yogykarta, 18 Dzulhijjah 1434/23 Oktober 2013
Semoga menjadi keluarga yang Sakinah, Mawaddah, Warrahkmah.. Aamin
Dan, tulisan ini  mengemukakan
Sebagai  pengingat bagi kawula muda yang bakal meneruskan  generasi  bangsa yang luhur. Berharap Semoga semua  kebaikan bisa terwujud. Adat yang semakin lama dirombak disesuaikan jamannya, tidak berarti  meninggalkan bagia- bagian yang penting seumpama dilaksanakan.
Sengaja, hamba ALLAH ini member keterangan dengan bahasa ‘ngoko alus’ karena menganggap yang mau membaca tulisan ini seperti   dengan  karib sendiri. Sama halnya dengan sesama  teman.
Dalam kebudayaan Jawa ‘mantu’[resepsi]adalah salah satu perayaan yang penting.   Resepsi  berupa  acara makan bersama, kalau dalam bahasa Arab disebut ‘walimahan’ untuk mengumumkan pernikahan atau sunat[khitan].  Dalam melaksanakannya bukan cuman asal terselenggara. Diperlukan persiapan sebelumnya agar hajatan bisa berjalan dengan lancar. Adapun bagian dari perayaan ‘mantu’  adalah sebagai berikut, di bawah ini:
1.       Kumbakarnan
Juga disebut ‘kangroh’ yakni   musyawarah mufakat tentang rancangan-rancangan. Orang-orang yang diundang langsung oleh yang punya hajat berkumpul membicarakan semua perkara semisal; pecah belah[piring gelas], tendha, peralatan yang disiapkan sesuai jumlah tamu undangan, jadwal acara yang lengkap, dan lain-lainnya sampai urusan siapa yang memasak juga cuci piring gelas.
Pembicaraan ini dilakukan sebulan atau selapan[35 hari] sebelum hari-H.
2.       Tonjok’an  dan Punjungan
Kira-kira seminggu menuju hari-H, tempat perayaan pun dipersiapkan. Memasang umbul-umbul  dibuat dari bamboo utuh dan hiasannya memakai janur yang dirangkai. Memang sakral, karena janur yang dibentuk memiliki makna tertentu seperti bentuk ‘cakra manggilingan’ menyimbolkan kehidupan layaknya perputaran roda. Umbul-umbul dipancang disamping gapura juga perempatan sebagai penunjuk jalan menuju lokasi  resepsi.  Seumpama ada tujuan berupa hal  ghaib atau syirik tergantung niat dalam hati masing-masing. Budaya jawa juga nusantara lainnya yang luhur, sayang bila dikotori bab syirik. Sifat berhati-hati  harus jadi andalan utama mengingat sejarah, para Waliullah member pemahaman lewat budaya yang keliru lalu diluruskan.
Pasang-memasang ini biasanya dikerjakan kaum laki-laki. Sementara para ibu-ibu menyiapkan  hidangan untuk mereka. Selain itu?
Ibu-ibu juga memasak untuk orang-orang yang bekerja membantu penyelenggaraan resepsi.  Masakan berupa nasi sepenuh piring lengkap dengan lauk diantarkan ke rumah  orang-orang yang membantu pelaksanaan resepsi. Inilah yang disebut tonjok’an.
Tonjok’an dimaksudkan untuk mengingatkan yang membantu pelaksanaan resepsi bahwa mendekati  hari-H agar segera ikut membantu.

Sedangkan yang dinamakan ‘punjungan’ adalah masakan untuk yang ditinggal di rumah. Berarti diantarkan ke rumah orang yang membantu pelaksanaan resepsi  karena ditinggal membantu jadi tidak bisa memasak untuk keluarga. Punjungan ini sesuai dengan kebijaksanaan yang punya hajat.  Suatu Perhatian bahwa membantu pelaksannan resepsiitu harus meninggalkan pekerjaan rumah, dan  bukan tidak mungkin malah meninggalkan kerjaan  buruh atau kantor sehingga diganti kerugiannya meski dengan makanan seadanya.

3. Pawiwahan
Hari yang dinanti-nanti. Semua  dimohon berkah doanya supaya acara lancar tanpa ada halangan. Sambutan meminta perhatian para tamu. Nasehat disampaikan pada Mimi dan Mintuna yang merupakan raja dan ratu meski hanya sehari  semoga  langgeng berjodoh di dunia dan akhirat. Hidangan tetap menghadap menghaturkan salam, memikat hati, meramaikan resepsi  hingga menghadirkan doa restu.
Ada kalimat pengingat dalam bahasa Indonesia [tidak perlu diterjemahkan lagi]


4.  Wisuh’an
Penutupan walaupun dalam resepsi pernikahan ada acara-acara lain yang bersambungan.  Apa yang kurang dan mengecewakan diungkapkan. Dengan hati yang dingin, dibicarakan bersama dengan makanan yang tersedian ^_^ rasa yang tidak mengenakkan lebih baik sedikit demi sedikit diutarakan sesuai hitungan sendok  atau jumputan tangan [Maksudnya kalau kesal enggak usah bicara mending makan saja!] bubur sumsum yang disiapkan untukmenghilangkan leetih payah. Mungkin, bubur sumsum yang berasal dari tepung beras dan kinca gula merah itu layaknya menghisap sumsum tulang. Asin-asin, manis…  meskipun hanya rasanya saja semoga khasiatnya menyamai sebagaimana menghisap sumsum tulang.
Acara ‘wisuhan’[cuci tangan] sebagai wujud bahwa yang punya hajat  mengucapkan terima kasih sebab resepsi telah terselenggara. Tidak lupa bila ada kekurangan, meminta maaf.

Ibarat jualan, modal buat resepsi tidak sesuai dengan hasil yang didapat. Seringnya rugi daripada untung. Rugi harta dunia tak seberapa disbanding dengan pahala yang berlipat karena memuliakan tamu. Mangkanya kata’ mantu’ itu kepanjangan dari ‘sing dieman-eman metu’[: simpanan yang sayang kalau dikeluarkan harus dikeluarkan juga]

Sekian hamba ALLAH ini mengemukakan. Apabila ada salah yang tidak mengenakkan hati , saya mohon maaf. Syukur kalau ada yang memberi saran dan kritik yang membangun sehingga  tulisan ini menjadi lebih lengkap dan benar.
Terima Kasih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar anda adalah perhatian untuk blog ini
Semoga Bermanfaat...
Terima kasih atas kunjungannnya...